Sugeng Rawuh



Mangasah Mingising Budi, Mamasuh Malaning Bumi,Memayu Hayuning Bawana

Thursday, March 1, 2012

KIDUNG DOA UNTUK NUSANTARA TERCINTA
(Dhandhanggula)

Adhuh Gusti Panguasaning Bumi
Pra kawula hanandhang Cintraka
Sru sanget ing Panlangsane
Awit bebaya Lindhu
Lahar panas Redi Mrapi
Bebaya Banjir Bandhang
Siti Jugrug Lesus
Hanrajang sadengah Papan
Wonten Ing Tlatah Nuswantoro Puniki
Bosah baseh sedaya


Sagung Titah Sru Hanandhang Kingkin
Tanpa daya Mambengi Rubeda
Kang Metel mring Jiwanggane
Jiwa Raga Hanglayung
Sambat-sambat Hamelas Ati
Wismanya Rebah Rata
Bandha donya Mamprung
Kulowargo Tekeng Laya
Tan Kapetang Kawula kang Nandhang Sakit
Sru sanget Lara Raga


Adhuh Gusti Ingkang Maha Asih
Mugi Karsa paring Sih Wilasa
Enggal nyirep Kahanane
Pinaringan Rahayu
Gesang Ing Karaharjan Yekti
Kalis saking Rubeda
Twin Duhkiteng Kalbu
Tumuju ing Kasantosan
Tumraping Bumi Nuswantoro sayekti
Dhuh Gusti  Kapirengna

No comments:

Post a Comment